Ngaji gus baha
Gus Baha' : Nek Gak iso dadi من yo dadio مع
Ketika Allah di sebut, iku minimal di sifati 3. Misale neng surat Fatihah. Allah di sifati (1) Arohman Nirohim, (2) robbil alamin, (3) Malikiyyaumiddin.
La nek wes dongo kudu duwe centelan—sandaran. —Shirotholladzina.., dadi kowe ora iso dadi wong apek dewe (independent).
Apek iku mesti (kudu) nyentel Nabi, wali-wali seng sak durunge kito. Apek iku butuh sanad. Kudu nginduk duwure.
Makane Qur'an nek nyebut wong apik iku,
فَأُو۟لَٰٓئِكَ مَعَ ٱلَّذِينَ أَنْعَمَ ٱللَّهُ عَلَيْهِم مِّنَ ٱلنَّبِيِّنَ وَٱلصِّدِّيقِينَ وَٱلشُّهَدَآءِ وَٱلصَّٰلِحِينَ
La wong apek iku sopo ?. Wong seng tak kek'i hidayah. La wong seng oleh hidayah iku sopo ?. wong seng enek sanad e. —shirotholladzina.
Abu hasan Syadali iku ngendikan, "kowe iku sholehe gak ngarah sempurno. Molane Allah ngendikan,
يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَكُونُوا۟ مَعَ ٱلصَّٰدِقِينَ
Mergo kowe bener tenan iku gak iso, isone iku melu bergabung. Kudu gandol wong seng bener. Makana redaksi Qur'ane (وَكُونُوا۟ مَعَ ٱلصَّٰدِقِينَ) gawe مع, ora gawe من.
Kenapa nek Nabi gawe من nek kito-kito gawe مع ?.
Sebab Nabi iku benere temenan أَنْعَمَ ٱللَّهُ عَلَيْهِم مِّنَ ٱلنَّبِيِّنَ. Nek kito-kito ora mesti, makane isone melu gabung, makane gawe مع.
Sopo wong seng bener ?. Di jawab مَعَ ٱلَّذِينَ أَنْعَمَ ٱللَّهُ. Dan iki cirine wong thoat karo Allah karo Nabi. (وَمَن يُطِعِ ٱللَّهَ وَٱلرَّسُولَ فَأُو۟لَٰٓئِكَ مَعَ ٱلَّذِينَ أَنْعَمَ ٱللَّهُ عَلَيْهِم مِّنَ ٱلنَّبِيِّۦنَ).
Dawuhe Imam Asyadali, kowe nek pengen duwe adab, maqommu iku bergabung (مع). Intine kito iku maqome "nderek mawon".
Terus di lanjutno, kowe kapan dongo gene pengeran nyuwum dalan seng mustaqim, —Ihdina Shirotol Mustaqim. Allah ngajari muni : "shirotolladzina An'amta Alaihim — dalane tiang seng jenengan paringi nikmat. Sopo ?. Yo iku poro Nabi, Poro Wali.
Nek kowe yo keduwuren. Makane Dawuhe Abu Hasan Asyadali, "nek kowe pengen nduwe adab, kudu nginduk".
Ojo koyok wong-wong sak iki. Ora butuh sanad. Wong wong sak iki gak percoyo sanad. Mergo jarene intelektual "kalau mereka bisa mikir, kita juga bisa. Nahnu rijal wa antum rijal, jarene. Tp seng bener gawe wong ngunukuwi sebutane "Nahnu rijal wa antum junun". Hahaha.
Dadi masio kowe ngroso wong apik, ora iso independent.
Kulo (Gus Baha') pesen, wong iku maknani quran ojo gawe Jalalain tok, tapi kadang yo maknani gawe madzhab e tiang thoriqoh. Abu hasan aysadali iku pengamat makna من dan مع ten gene Qur'an.
Nek gak iso من yo kudu مع. Nek angel dadi wong sholeh yo gabungo karo wong-wong sholih (مع).
La nek wes paham....., ko awak dewe mesti tawadhu'. Sebab apik e dewe iku yo barokahe wong² sholih seng ndisek². Ora sebab awakmu dewe. Dadi ojo GR an. Kabeh iku dzalika Fadlu mina Allah.
#Di Sarikan dari Pengajian Nasohihul Ibad Bab 3 Maqolah pertama