Ngaji Gus Baha: Maulid Nabi
Catatan Ngajj Gus Baha' : Kajian Kitab Haulul Ihtifal Karya Sayyid Muhammad bin Alwi Al-Maliki
Sampean cocok gak cocok kudu mbok rungokno. Jadi Sak durunge ono ormas-ormas islam, seng pertama oleh barokahe maulid iku abu lahab.
فقد جاء في البخاري أنه يخفف عن أبي لهب كل يوم الاثنين بسبب عتقه لثويبة جاريته لما بشرته بولادة المصطفى
Abu lahab iku nek ngopi di urusi suwaibah, pas Nabi lahir, pas dino iku, Abu lahab gawe kopi dewe, ngapu dewe. Mergo Suwaibah ken hormat/bantu sayyidah Aminah, mergo gadah putro Rasuluah Saw.
Lo Abu lahab padahal mok nglakoni ngoten tok lo. Abu lahab gak ngerti niat. Yo gak roh carane mahalul qiyam. Tapi melu urun (ikut berkontribusi).
Abu lahab wong seng di kritik/di cela Allah lewat Qur'an, wong seng oleh jatah neroko jahim selawase mawon, iku oleh barokahe maulid (hormat dengan ikut berkontribusi).
Abu lahab iki wong kafir, meneh kok dang wong islam.
ويقول في ذلك الحافظ شمس الدين محمد بن ناصرالدين الدمشقي :
إذا كان هذا كافراً جَاء ذَمُّهُ # بِتَبَّتْ يَدَاه في الجحيم مُخَلَّدا
أتى أنه في يوم الاثنين دائماً # يُخَفَّفُ عنه للسرور بأحمدا
فما الظن بالعَبْدِ الذي طول عمره # بأحمد مسروراً ومَاتَ مُوَحِّدا
Abu lahab berhubung seneng kalihan lahire Rasulullah Saw, iku di tahfif (di ringankan siksanya). Abu lahab melu urun/berkontribusi. Ora kok meng teko, terus oleh mangan gratis. Hahaha.
Dadi iki dalil keberkahan Maulid Nabi. Wong Abu lahab ae oleh barokahe, meneh kok santri.
Logika Seneng Maulid
: Wong nek nduwe anak, seng ora jelas sholeh orane wae, ora jelas prospek e iku seneng.
(Rasa seneng iku) Yo ora enek seng takon, ora enek seng nyo'al. "Kenapa kowe seneng..?". La iki kok ono wong gugat wong seneng karo maulid Nabi Saw.
Makane dawuhe Sayyid Muhammad :
(الأولى) أننا نحتفل بمولد سيدنا محمد ﷺ دائماً وأبداً في كل وقت وفي كل مناسبة وعند كل فرصة يقع فيها فرح أو سرور أو نشاط ويزداد ذلك في شهر مولده وهو الربيع، وفي يوم مولده وهو الاثنين، ولا يصحلعاقل أن يسأل لماذا تحتفلون ؟ . . . لأنه كأنه يقول : لماذا تفرحون بالنبي ؟.
Kowe nduwe anak, gak jelas sholehe, terus kowe seneng. Kiro-kiro ada ndak yg tanya kenopo kowe seneng ?. Tidak kan ..!!.
Loooo... kok sak iki enek wong takok, "kenopo kowe senenv karo Kanjeng Nabi ..!?".
Jarene Sayyid Muhammad, wong iku wong islam aneh...!!.
فهل يصح أن يصدر هذا السؤال من مسلم يشهد أن لا إله إلا الله وأن محمداً رسول الله؟ لأنه سؤال بارد لا يحتاج إلى جواب، ويكفي أن يقول المسؤول في الجواب : أنا أحتفل لأني مسرور وفرح به ، وأنا مسرور و فرح به لأني محب له ، وأنا محب له لأني مؤمن.
Mosok wong islam kok takok, "kenopo sampean seneng karo kelahirane kanjeng Nabi ?". Wong Islam Aneh.